Selasa, 17 November 2026

SUDUT PANDANG


Wong-wong mesthi ngomong yen dadi anak ragil kuwi nyenengake. Jarene tansah dimanja, digatekake, lan apa wae sing dijaluk mesthi dituruti. Nanging, apa kabeh anak ragil pancen ngrasakake kaya ngono?


Aku iki anak ragil sing wis biasa nampa apa anane. Yen kakang utawa mbakyu duwe barang sing wis ora dienggo, biasane barang kuwi bakal dadi duwekku. Klambi bekas, barang lawas, utawa apa wae sing isih bisa digunakake. Aku ora tau akeh njaluk, amarga aku ngerti yen ora kabeh sing tak karepake bisa tak duweni.


Nanging, jebul ora mung babagan barang. Ana perkara liyane sing uga kudu tak tampa, kalebu omongan sing kadhang nggawe ati lara. Aku kudu nuruti karepe wong liya, ngerti kahanane, lan sak isa-isaku ora mbantah. Malah, kadhang aku ora diwenehi kesempatan kanggo nerangake apa sing sejatine tak rasakake.


Apa dheweke tau nyoba ndeleng kabeh saka sisihku? Aku uga pengin dirungokake, dimangerteni, lan ora tansah disalahake.


Aku ngerti yen saben wong duwe masalah dhewe-dhewe, nanging aku uga duwe perasaan. Aku uga bisa kesel amarga kudu terus-terusan ngalah.


Aku mung pengin diperlakukan kanthi adil lan ngrasakake rasa tresna sing padha.


Jebul, dadi anak ragil ora mesthi seindah sing dipikirake wong-wong. Ana akeh crita lan rasa sing mung bisa tak simpen dhewe.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SUDUT PANDANG

Wong-wong mesthi ngomong yen dadi anak ragil kuwi nyenengake. Jarene tansah dimanja, digatekake, lan apa wae sing dijaluk mesthi dituruti. N...